Pidato Bahasa Jawa : Tujuan, Metode dan Contohnya

Pidato Bahasa Jawa : Tujuan, Metode dan Contohnya – Pada kesempatan ini Seputarpengetahuan.co.id akan membahas tentang Pidato Bahasa Jawa dan tentunya hal-hal lain yang juga melingkupinya.Mari kita simak bersama pembahasannya pada artikel di bawah ini untuk lebih dapat memahaminya.


Pidato Bahasa Jawa : Tujuan, Metode dan Contohnya


Teks pidato merupakan salah satu bentuk komunikasi satu arah berupa pengungkapan suatu gagasan pokok atau pikiran tentang beberapa hal kepada orang lain dengan tujuan mengajak orang lain untuk melakukan apa yang kamu peritnahkan. Orang yang melakukan sebuah pidato disebut sebagai orator.

Pidato yang baik dan benar bisa memberikan kesan yang positif kepada orang-orang yang mendengarnya. Kemampuan berpidato atau berbicara di depan orang banyak sangat membantu kamu untuk mencapai jenjang karir yang lebih baik nantinya.


Tujuan Pidato

Berikut ini adalah beberapa tujuan pidato :

  • Memberikan suatu pemahaman atau sebuah informasi kepada orang lain yang mendengarkan pidato kita.
  • Mempengaruhi orang lain agar mau mengikuti apa yang kita sampaikan dengan suka rela.
  • Membuat orang lain senang dengan apa yang kita sampaikan sehingga orang lain akan lebih mudah untuk memahami apa yang kita bicarakan.

Metode Berpidato

Ada empat metode pidato yang biasa digunakan ketika akan menyampaikan sebuah pidato di depan banyak orang, yakni :

  • Metode Spontanitas
  • Metode Menghafal
  • Metode Naskah
  • Metode Ekstemporan

Contoh Pidato Bahasa Jawa


  • Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Sumpah Pemuda


Assalamu’alaikum Wr Wb

Ingkang kinurmatan, bapak lan ibu guruu saha kanca-kanca ingkang tansah kula tresnani. Sepindah sumangga kula lan panjenengan sedoyo ngaturaken puji syukur maran g Gusti Allah ingkang maha luhung lan tansah paring nikmat lan rahmat sahinggo kula lan panjenengan taksih saged golek ilmu, yaiku nindakaken sekolah.

Kaping kalih, jumeneng kula wonten ngajenge panjenengan sedoyo minangka kagem ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda.

Kula lan panjenenga mesti sampun sami mangertosi bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah sawijining prastawa skral ingkang nuduhake marang kabeh wong bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadahi semangat berjuang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, semanta merdeka lan dadi bangsa ingkang ngadeg jejeg. Wondene isi Sumpah Pemuda inggih menika :

Kami putra dan putri Indonesia, mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia

Kami putra dan putri Indonesia, mengaku bertumpah darah satu, tanah air Indonesia

Kami putra dan putri Indonesia, menjunjung tinggi bahasa persatuan, bahasa Indonesia

Isi sumpah lan janji menika wajib kita lestarekake lan diamalake kagem mujudake pengarep- arep cita-cita kamardikan urip makmur, adil lan sejahtera.

Yaiku minangka pelajar / murid, kita wajib semangat lan mempeng anggenipun sinau. Lan minangka pemuda (usia produktif) kita kedah semangat lan sregep anggenipun nyambut damel ngsisi pembangunan bangsa.

Menika inkang saged kula aturaken babagan Sumpah Pemuda. Ayo kita junjung tinggi kaluhuran Sumpah Pemuda.

Santen parutan klapa Cekap semanten atur kawula Numpak sepur nggawa tali

Mbok bilih wonten klenta-klentunipun atur kula nyuwun agunging pangaksami

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


  • Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Nasionalisme


Ass. Wr.wb.

Kulo aturaken matur suwun kagem Ibu Ummu semono ugi kagem Saderek-saderek sedanten ingkang sudi nyisih aken wedalipun ngrawuhi pidato meniko.

Saderek-saderek sedanten……..

Minurut pengamatan kalian kulo raosaken akhir-akhir meniko kathah wargo ingkang kirang menghargai negeri nasionalipun inggih puniko negeri “tercinta” Indonesia. Hal meniko sanget ngrisauaken yen diterus-terusaken saget dados masalah ingkang serius……..

Saderek-saderek, kawulo mudho sedanten……..

Wonten jaman sakniki sampun kathah “pengikisan” kebangsaan nasionalisme! Meniko disebabaken kathah kawulo mudho ingkang ngelalekaken jatidirinipun dados wargo Indonesia sebabipun poro kawulo mudho luwih condong marang pergaulan utawi budoyo-budoyo Barat ingkang ndugi saking media cetak, elektronik, ingkang rupo: acara-acara televisi, majalah, surat kabar, utawi kathah wargo luwih seneng mundhut produk-produk luar negeri disebabaken regoipun luwih mirah lan kualitasipun luwih sae……..

Saderek-saderek sebongso lan setanah air……….

Masalah-masalah meniko saget diicalaken lan saget mbangsulaken raos cinta tanah air negeri “tercinta” Indonesia meniko kalian salah sawijine coro inggih puniko mundhut barang-barang produksi Indonesia, menghormati jasanipun poro Pahlawan lan poro Pejuang, tindak dhateng Museum-museum Nasional utawi monumen-monumen perjuangan

Kulo raos meniko ingkang saget kulo sampekaken……. mugi- mugi saget ndhatengaken perubahan lan saget mbangsulaken utawi nguataken roso Nasionalisme kito sedanten.

Matur suwun kulo sampekaken………

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


  • Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Acara Halal Bil Halal


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawula nuwung, kanthi linambaran pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka sukur dhumateng Gusti, “Mugi Rahayuha sagung Dumadi” tansah kajiwa lan kasalira dhumateng kula lan pan jengengan sadaya.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, denen kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempi kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, inggih awratipun hamastuti jejibahan luhur kula piniji minangka duta saraya sarina saking panjenenganipun bapa/ibu…………..(besan), kula kadhawuhan nglarapaken puta calon temanteng kakung, mugi katur panjenenganipun bapak/ibu……….(ingkang mengku gati).

Penjenenganipun bapa……. (ingkang nampi) ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka sulih sarira saking penjenenganipun bapa/ibu……..ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah sedya sowan kula wonten ngarsa panjenengan.

Ingkang sepisan, ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjengengan bapa/ibu…… boten segad hanindakaken piyambak masrahaken putranipun calon temanten kakung, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing panjenenganipun bapa/ibu…. Ingkang lumantar kawula. Sanget ing pamujinipun, bilih ngaturaken salam taklim mugi katura ing pangjengengan Bapa/ibu…….., ingkang lumantar kawula. Sanget ing pamujinipun, bilih anggenipun mengku karya hanetepi darmanging asepuh, hangrakit sekar cepaka mulya, hamiwaha putra maharga siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Jangkep kapin kalih, rehning putra calon temanten kakung pun bagus……… atmaja kakung saking Bapa/ibu ….. ingkang pidalem ing…….sampun kelampahan ijab/dhaup suci kalyan Rara……… kenya siwi saking panjenenganipun bapaibu…… kala wau diten surya kaping……wanci tabuh………… mapan ing dalem……mriki kanthi nirbaya nir wikara boten wonten alangan satunggal punapa.

Sarehning sampun ndungkap titiwanci tumapaking gati, pramila calon temanten kakung kula pasrahaken mugi tumunten katindakna dhaup panggihing temanten, anut satataning adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing …………. Kula sapangombyong tansah jumurung ing karsa, sinartan puji donga mugi Gusti tansah ngijabahi dhumateng temanten sarimbit anggenipun amangun brayat enggal, tansah manggih guyup rukun atut runtut ayem tentrem rahayu ingkang tinuju bagya mulya ingkang sinedya.

Denen ingkang wekasan sasampunipun paripurmaning pahargyan kula sarombongan pangombyong temanten kakung, keparenganyuwun pamit saha nyuwun pangestu mugi-mugi lampah kawula sarombongan manggih wilujeng kalis saking pringga bayaning marga.

Semanten ugi hambok bilih anggen kawula mingaka talanging basa wonten gonyak-ganyuking wicara, kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krami kawula tansah nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayat

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


  • Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan bapak ibu guru SMPN 1 Japah

Sedaya kanca-kanca seperjuangan ingkang kawula tresnani.

Langkung rumiyin monggolah kita sesarengan ngunjukaken takwa lan syukur dhumateng Allah, ingkang sampun amaringi sedaya kanikmatan dumateng kita, lan sahingga kita saged makempal sesarengan wonten ing ruangan menika.

Sholawat ugi salam mugiya kaunjuk dhumateng nabiyullah Muhammad SAW ingkang kita ajeng-ajeng syafaatipun mbenjang wonten dinten kiyamat.

Hadirin ingkang kawula hormati, jumenengipun kula wonten mriki badhe nyampeaken pidhato utawi sesorah kanthi judul pentingipun pendidikan. Micara bab pendidikan punika pembahasane wiyar sanget, pramila ing sesorah menika kula persingkat mawon.

Pendidikan niku identik kaliyan lembaga sekolah, pondhok pesantren, bimbel lan sak piturute. Wonten ing sekolahan para siswa diwenehi pendidikan ugi wawasan pemerintahan, wawasan ilmu alam, wawasan ilmu sosial, ilmu agama lan sak piturute. Ananging pendidikan niku mboten ing sekolah formal mawon koyo SD/MI SMP/MTS SMA/MA lan sak piturute. Sebab menungso urip meniko kedah selalu belajar wonten ing pundikemawon tempat, ora mung nanging ning sekolah.

Hadirin ingkang kinurmatan

Pendidikan ingkang penting sanget inggih punika wawasan ugi akhlak budi pekerti, sebab sang saya majune zaman generasi penerus bangsa Indonesia niki saya amburadul, saya rusak amargi kurang benteng ilmu agama ugi ilmu akhlak tata krama. Mula tugas para guru saha wali murid kudu nemeni anggene ndidik para puta-putri terutamanipun ndidik akhlak supadoos bener lan pinter.

Contonipun kemerosotan akhlak budi pekerti niku katah sanget mulai saking griya kalih tiyang sepahipun. Sakniki sampun jarang kita mireng putra-putri matur kaleh tiyang sepah ngagem bahasa krama, sing katah nggih ngagem ngoko. Padahal bahasa ingkang sae kangge tiyang sepah inggih meniko bahasa krama luwih-luwih krama inggil.

Hadirin ingkang berbahagia

Manfaat pendidikan kagem generasi muda niku katah sanget, inggih punika ndidik supados poro siswa saged mangertosi ilmu umum, saget mangertosi ilmu agama, saget mangertosi ilmu adab lan ugi tatakrama. Mula bocah-bocah sing ora padha gelem sekolah ayo padha diajak supados gelem melbu sekolah maning, sebab menawi putra-putri generasi penerus mboten purun sekolah mangke saged ngrasakke piyambak gelane ora sekolah lan rugi sanget.

MEKATEN, LAN CEKAP SEMANTEN INGKANG KULA ATURAKEN , MUGI – MUGI KULA LAN PANJENENGAN SEDAYA KALEBET TIYANG ISLAM INGKANG PIKANTUK RAHMAT, LAN RIDHANIPUN ALLAH SWT. AMIN

KIRANG LANGKUNGIPUN NYUWUN PANGAPUNTEN

BILLAHITUAFIK WAL HIDAYAHWASSALAMU’ALAIKUM WR WB.

Menika sekedhik sesorah ingkang saget kawula aturaken, migaya manfaat.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


  • Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Hari Kartini


Bapak Kepala sekolah ingkang kinurmatan.

Bapak, Ibu Guru ingkang satuhu luhuring budi.

Para kanca, siswa-siswi ingkang kula tresnani.

Sumangga langkung rumiyin sami ngaturaken syukur dhu-mateng Gusti Mahakwasa ingkang kepareng paring rahmat lan hidayahipun. Kita sadaya taksih saged kempal manunggal kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan salebetipun pahargyan pengetan dinten Kartini samang-ke punika.

Pangetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula panjenengan sadaya. R.A. Kartini pindhanipun sekar ingkang tansah mbabar angambar ganda arum ing bangsa Indonesia. Panjenenganipun punika pangarsa tumrap wanita ingkang karyanipun mligi kangge majengipun wanita wiwit duk rikala bangsa Indonesia taksih dipuncengkerem dening bangsa penjajah.

Labuh lebetipun R.A. Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum wanita. Langkung-langkung ing wekdal sapunika ingkang taksih kedah meres penggalih kangge majengipun bangsa. Panyengkuyungipun para wanita boten saged dipunremehaken, malah kepara langkung bobotipun tumrap pembangunan majengipun bangsa punika.

Pancen sampun dipundokrataken para wanita saha limrah nggadahi raos ingkang kalangkung alus. Sanadyan makaten geget ing manah tansah makantar pindha waja ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawanipun lelabetanipun Ibu Kartini ingkang sampun tumanem ngrembaka ing mahanipun wanita Indonesia.

Sampun cetha ing panggesangipun bangsa kathah wanita ingkang saged kiprah kadi dene para priya ing babagan warna-warni. Ingkang makaten punika saestu saged damel mongkoging manah.

Kanti makaten punika sumangga kadang-kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika tansah ngudi jatidhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi sadhengah karya.

Semanten saha makaten atur kula. Mugi sami kepareng maringi pangapunten tumrap sadaya kekirangan lan kelepatan kula.


  • Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Tentang Tausyiah Agama


Bismillaahirrohmaanirrohiim

Assalamu’alaikum warohmatullahi wabarokaatuh. Alhamdulillaahirobbil’alamiin, assholaatu wassalaamu ‘alaa asrofil ambiyaai walmursaliin. Sumangga Bapak Guru kaliyan rencang sedaya kita tansah ngunjukaken syukur wonten ngarsa dalem Allah S. W. T. Sholawat lan salam mugi tansah katujuaken dhateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad S. A. W.
Mgid
heart
Ingin hidup 100 tahun? Bersihkan pembuluh darah! Inilah caranya
Pelajari Lebih→

Wonten ing kesempatan menika, kula badhe ngaturaken setunggalipun tema inggih menika babagan Cara Nentremaken Ati.

Bapak Guru lan rencang sedaya ingkang, menika nasihatipun Rasulullah kang dados anjuran kangge umatipun. Sumangga dipun gatosaken bilih kangge tamba ati menika wonten gangsal perkawis injih menika :

Sregep anggenipun maos Al Qur’an. Maos kanti angen-angen maknanipun lan dipunamalaken.
Nindaaken sholat ing wanci dalu.
Dzikir dhateng Allah saben dalu, kimut dhateng Gusti Allah.
Prihatin, njagi padharan kula panjenengan sami kanthi ngelih luwe caranipun inggih menika siyam utawi poso. Saengga kula panjenengan sami saged tuwuh tepa slira. Lajeng asih dhumateng tiyang ingkang kekirangan.
Ngumpuli tiyang-tiyang ingkang Sholih, amargi insya Allah kula panjenengan sami saged ketularan dados tiyang samenika.

Pramila ing antawissipun gangsal menika menawi kita saged nglaksanaaken, insya Allah Gusti Allah paring ‘ijabah kangge kula panjenengan sami.

Mbok bilih semanten anggen kula matur, mugi ndadosaken renungan dhumateng kula panjenengan sami saged mbenahaken diri ing dinten-dinten ingkang badhe dhateng.

Wabillahitaufik walhidayah, wassalamu’alaikum warohmatullahi wabarokaatuh.


  • Contoh Pidato Bahasa Jawa Krama Halus


Assalamuailum Wr. Wb.

Ingkang kinabekten Bapak Kepala Desa, Ingkang Pantes Sinudarsana Bapak Perangkat Desa, Ingkang Kinurmatan Bapak tuwin Ibu, para kadang wredha mudha warga Desa Sendangmulyo.

Langkung rumiyin sumangga kula panjenengan sedaya ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Wikan. Inggih awit sih sarta brekahipun,kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi sehat wal afiat boten kurang satunggaling punapa.

Salajengipun, kula ngaturaken sung rawuh ing acara “Pengetan Kemerdekaan Indonesia ingkang Kaping 66” punika. Mugi-mugi kula panjenengan sedaya saged pikantuk Gusti Ingkang Maha Agung. Boten kesupen ugi kanca-kanca panitia ingkang sami sabiyantu ngantos adicara punika saged lumampah.

Para hadirin,

Bangsa Indonesia punika bangsa ingkang ageng, bangsa ingkang dumados saking kathah suku lan agami. Saben suku utawi agami nggadhahi pembeda, pembeda punika boten kena didadosaken pengaling aling kangge mujudake kerukunan marang sesami. Pembeda punika satuhune didadosake alat kagem membina rasa setya marang nusa, bangsa, lan Negara.

Akhir-akhir punika bangsa Indonesia nembe ngadhepi masalah kerukunan sosial lan agami. Kathah kerusuhan ingkang dipunsebabaken SARA. Menawi boten saged diatasi, masalah punika saged ngrusak persatuan bangsa Indonesia.

Awit saking punika, kula panjenengan sedaya kedah saged njaga kerukunan marang sesami, supados Bangsa Indonesia punika saged dados bangsa ingkang aman lan mulya.

Bapak-Bapak saha Ibu-Ibu ingkang satuhu bagya mulya, cekap semanten anggenipun kula paring pangertos panjenengan sedaya. Mbok bilih wonten lepatipun, kula nyuwun agunging pangapunten dhateng panjenengan sedaya.

Matur nuwun.


  • Pidato Bahasa Jawa Tentang Bulan Ramadhan


Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Poro hadirin hadirot ingkang kulo hurmati !

Monggo wonten ing kesempatan meniko kulo lan panjenengan sedoyo sami muji syukur dumateng ngarsonipun Alloh SWT. Kranten Alloh sampun paring Rohmat, Ni’mat dateng kito sedoyo ingkang arupi tetepipun Iman lan Islam.

Ingkang kaping kalihipun mugiho Rahmat lan Salam Bahagia Alloh selalu dipun limpahaken kanjeng Nabi Muhammad SAW, poro ahli keluarga lan poro sohabatipun.

Poro Rawuh ! monggo kulo lan panjenengan sedoyo meniko samiyo ningkataken anggenipun taqwa dumateng Alloh SWT. Tegesipun kito nindakkaken perintahipun, shoho nebihi dateng laranganipun, dene termasuk perintahipun Alloh inggih meniko : Alloh sampun majibaken dateng kito sedoyo inggih meniko nglampahi poso wonteng ing wulan Romadhon, Alloh sampun dawuh wonteng Al-Qur’an :

Ingkang artosipun :

“He/ wong-wong kang podo iman, den wajibake marang siro kabeh nglakoni poso. Koyo dene den wajibake maring wong-wong sakdurunge siro kabeh. Supoyo siro podo taqwa” (Al- Baqarah : 183).

Pramilo saking meniko, monggo kedatangan wulan Romadhon meniko kito sambut kanti gembira. Kito penuhi mawi kegiatan-kegiatan, tadarrus Al-Qur’an, Shodaqoh dateng fakir miskin, lan sanes-sanesipun.

Dene ingkang pokok inggih meniko, wonten ing wulan

Ramadhan meniko kito tindakaken poso kanti khusus’ khitmah, shoho nebihi larangan-larangan ingkang nimbulaken batalipun poso. Kados dene guneman ingkang awon, ngrasani tiyang sanes, lan lmtu-hntunipun. Kranten menurut sebagian Ulama’, tembung poso meniko bahasa arabipun saking kata ingkang hurufipun wonten tigo. Inggih meniko huruf Shod, huruf Wawu lan huruf Mim. Tigang huruf meniko anggadahei makna/arti piyambak-piyambak.

Dene ingkang No. 1 (huruf shod) meniko sangking kata Shumtum ingkang

artosipun meneng. Berarti tiyang poso, meniko kedah meneng lisanipun saking guneman ingkang awon, utawi meneng saking ngrasani lan sanesipun.

No. II (huruf Wawu) meniko saking kata Waro’un (£.JJ) utawi Wiro’i. Ingkang maksudipun bilih tiang poso meniko kedah wira’i utawi nebihi sangking perkawis ingkang haram, utawi perkawis-perkawis ingkang dipun cela/dipun wodho minggahipun syara’.

No. Ill (huruf Mim) meniko saking kata Malakun (*“*) ingkang artosipun ngeker, utawi mencegah, tegesipun bilih tiang poso meniko kedah saget ngeker lan nyegah perkawis-perkawis ingkang ndadosaken batalipun poso.

Poro hadirin hadirot ingkang kulo hormati ! Sak derengipun kulo akhiri anggen kulo matur, manggo sepindah malih, datengipun wulan Romadhon meniko kito isi kanti amalan-amalan ingkang sahe. Supados mangke medal saking wulan Romadhon kito angsal nilai-nilai ibadah ingkang sahe. Sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng ingkang sahe, sehinggo saget dipun sepunten duso-duso kito. kranten kanjeng Nabi dawuh :

Ingkang artosipun :

“Sopo wonge jumenengi wulan Romadhon kanti Iman lan nuprih krono Alloh. Mongko den ngapuro duso-dusone kang wis kliwat”

Poro rawuh….kintenipun cekap semanten atur kulo sedoyo kelepatan, kulo nyuwun pangapunten lahir lan batin.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Pidato Bahasa Jawa : Tujuan, Metode dan Contohnya


  • Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Acara Ulang Tahun


ASSALAMUALAIKUM WAROHMATULOHI WABARAKATUH

Konjuk Dumatheng Bapak Perangkat Desa Gentan ingkang kinormatan

Para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten

Para Warga, tamu undangan ingkang mboten saged kulo sebataken setunggal boko setunggal ingkang kulo hormati.

Ugi Dumateng kadang Karang Taruna ingkang kulo banggakaken

Langkung rumiyen sumonggo kulo derekaken ngunjukaken Puji dalah sykur wonten ngarsaipun Alloh ingkang taksih paring nikmat dumateng kito sedoyo inggih puniko nikmat Iman, Islam soho kesarasan.

Sholawat soho salam mugi tansah kaaturaken dumateng Junjungan kito Nabi Muhammad SAW

Lan poro penderekipun ngantos akhir Zaman.

Para Rawuh

Kulo minangka ingkah gadah hajat, ngaturaken Sugeng Rawuh dumateng poro Tamu sedoyo. Ugi ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpo pepindan dumateng poro rawuh sedoyo ingkang sampun nglonggaraken wekdallipun kangge nyekseni adi cara Ulang tahun anak kulo ingkang kaping Pitulas tahun.Ingkang Asesilih BRIGHITA PUTRI MUSTIKANINGRUM.

Ugi mboten katalompen kulo ngaturaken panuwun dumateng Bapak Ibu lan poro kadang kaneman awit panjenengan sedoyo sampun kerso paring pisumbang awujud punopo kemawon arupi , penggalihan, dana, tenaga, ingkang sedoyo kolo wau saged damel rancagipun adicoro Ulang Tahun anak kulo wonten ing dalu puniko.

Para Rawuh kakung miwah Putri ingkang dahat kinormatan

Wonten ing adicoro Ulang Tahun anak kulo ingkang kaping pitulas meniko, kulo nyuwun donga pangestu,mugi- mugi anak kulo ingkang asesilih Brigita Putri Mustikaningrum meniko, kanti tambahipun umur, mugi tambah bektinipun dumateng tiyang sepuhipun, tambah dewoso, tambah rizkinipun, tambah berkah gesangipun, tambah pinter wonten papan pasenaonipun.Amin

Mekaten semanten atur pambagyo arjo ingkang saged kulo aturaken wonten ing kalodangan dalu meniko.Kulo minangka ingkang gadah hajat nyuwun pangapunten ingkang sa ageng agengipun menawi anggen kulo nglenggahaken paro rawuh sedoyo wonten ingkang mboten meranani penggalih panjenengan kulo nyuwun agenging samodra pangapunten.

Lanmenawi wonten atur kulo ingkang klentu ugi mboten meranani penggalih panjengan kulo nyuwun panagapunten.

Wassalamualaikum Waroh matullohi Wabarakatuh


  • Contoh Pidato Bahasa Jawa Tentang Sekolah


Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjan.

Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Demikianlah ulasan dari Seputarpengetahuan.co.id tentang Pidato Bahasa Jawa : Tujuan, Metode dan Contohnya , semoga dapat menambah wawasan dan pengetahuan kalian. Terimakasih telah berkunjung dan jangan lupa untuk membaca artikel lainnya.

Daftar Isi